Sabtu, 22 Oktober 2011

Tresna Kuwi Kabagyan

Wengi iki pancen ora kaya wengi wingi
Ing wengi iki aku mung pengen nulis
Nulis rasa tresna kang sejatine isih urip ana atiku

Rasa tresna kui ora lara
Tresna  kui kabagyan kang suci
Tresna kui peparinge Gusti kang Maha Welas tur Asih
Tresna kui endah
Menawa ana kang rumangsa lara amerga tresna
"Kliru ..." kui kandhaku

Tetesing eluh kui dudu larane tresna
Yen daksawang
Sejatine yo tresna kui malah sing dadi obate
Akeh eluh tumetes amerga pedhoting tali tresna
Akeh eluh tumetes amerga cidrone rasa tresna
Nanging titenana, kabeh iki ora perkara tresna

Tresna kui kabagyan